Senin, 03 Oktober 2011

Tutuping wiwit karep

Wengi iki netraku ora biso merem.
tansah bubrah ning ati kelingan sliramu.
paguyonmu klebon ati sumesek sajroning dodo.
koyo ora lilo ninggal.
lumiting sumilir angin gawe kangening ati.
ning jebule tresnamu cethek koyo kali kebhak padasan.
ora kuoso yen kahanan iki dadi tutuping wiwit karep.
duh cah ayu..
sliramu ra mangerteni.pangerten luh kang tumetes mbrebes mili.
aku ra kuat nandang roso kelonto lonto.
saben soyo panyuwunku ojo lali.
mung sliramu sing tak anti tak puji.
ning dumadakan kalah nandang bronto
.kadong loro ora biso sambat sopo sopo.
nyanane sliramu biso bungah tanpo aku.
siji cah ayu..
saperlu di weruhi aku isih sadulurmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar